Selasa, 20 April 2010

Tata adat Busana Jawa

Tata adat Busana Jawa

TATA ADAT TRADISI JAWA

Para sutresna Budaya, saderengipn kula ngaturaken bab adat Upacara manten, kang kedadosanipun manake warni, liripun boten sanes amargi tasih sami ngegegi paugeran ingkang boten nilar suba sita. Sarta amargi sami sesambetan ing madyaning brayat agung, ingkang sedaya wau tondhonipun boten sanes anggenipun badhe kepengin ngluhuraken satunggal lan setunggalipun.

Sambet kaliyan punika wau, petang kula bilih siaran RRI lajeng dados srana gerelya budaya, liripun jaman kamardikan dumuki sepriki kados-kados kabudayan Jawi nembe kalindhih kabudayan maca, ingkang kados-kados lajeng cengkah kaliyan poaugeran lan piwucal para pini sepuh.

Mila Siaran bab upacara adat kang lumantar Prog IV RRI sampun dipun tampi ngguroni, nanging kepengin ndhudhah lan nggugah para sutresna budaya ing pundi papan, langkung-lakung ingkang sami nyebat tiyang jawi ( Wong JAWA) murih sampun ngatos kecalan jawinipun.

Dene mligi kula pribadi ingkang kadhawuhan ngaturaken boten ateges kula badhe ngguroni panjengan sedaya. Awit sejatosipun ingkang kula gadhahi pepindhanipun sak agenging kuku kemawon dereng wonten, punika estu, namung kadereng kepengin ndherek tumut cawe-cawe murih lestariipun kabudayan Jawi ingkang adi luhung punika.

Mila Panuwun kula, nyuwun para sutresna budayan sami kersa paring atur pemanggih pamrayogi, lan panyaruwe, murih warisan kabudayan Jawi ingkang adiluhung, tumuli saged kumbul malih. Kepara saged dados srana meper kabudayan manca ingkang laras kaliyan kabudayan Jawi.

BEDANIPUN UPACARA MANTEN JOGJA LAN LAN SOLO

Dene wanci punika kula badhe ngaturaken mligi bab bedanipun upacara adat ingkang bade kagungan kersa mantu. Mligi Ngayogya kaliyan Solo. Ingkang sampun dipun damel paugeran, ingkang sipatipun kepara nasional. Dene gambaripun Upacara makaten:No Gagrak Yogya Gagrak Solo Keterangan
1 Nontoni Nontoni Woten, sampun boten mlapah
2 Lamaran Lamaran Woten, sipatipun mana suka adat kulawarga
3 Asok tukon Asok tukon Woten, sipatipun mana suka adat keluwarga
4 Srah-srahan, Nyantri Srah-srahan Woten, sipatipun mana suka, umum sapunika sedinten utawi kalih dinten saderengipun ijab
5 Tarub Tarub Woten, sipatipun mana suka, awit wonten 3,2,1 dinten saderengipun tempuking damel utawi lijab
5 Siraman Siraman Woten, Resmi padatan benten. Solo, wonten bopongan, mande dawet lan potong rekma. Yogya bibar siraman gantos busana nyampingan grompol + nogosari
6 Midodareni Midodareni Woten, sipatipun Resmi, padatan benten. Solo wonten nebus kembar mayang
7 Ijab Ijab Woten. sipatipun Resmi menggahing nagari
Panggih Panggih Woten, sipatipun Resmi atat Jawi padatan tata upacaraipun benten-benten
8 Resepsi Resepsi Woten, Siapatipun resmi, mana suka


Saking sarenteten upacara wau sak perangan sampun wonten paugeran, kados antawisipun:
Tata Adat upacara Siraman
Tata adat upacara Panggih
Tata adat Rias penganten
Tata adat Model busana Penganten

Dene sanesipun sipatipun tasih mana suka, tegesipun gumantung pribadi ingkang kagunan kersa..dene tetimbanganipun murih gampilipun,. Mila lajeng wonten sebagian upacara dipun gabung kados conipun
Nontoni sampun boten mlampah, awit lare sampun sami tetepangan
Adicara Lamaran dados satunggal kaliyan asok tukon, Lan wanci punika kirang mantepin dipun wonteni tukar cicin. ( awit tukar cincin sanes tata Jawi )
Adicara Srah-srahan kaliyan adicara Asok Tukon
Adicara Midodareni, sampun boten wonten, gantosipun dipun wonteni Upacara Srah-srah lan ugi Asok Tukon, Mligi kang ngrasuk agami Kristiani dipun wonteni sembayangan, utawi Biston, Kang islam waosan Alqur’an Ingkang sdayan wau manut gotherng ngakathah murih gampilipun.

Namung caos wuninga mligi bab upacara Srah-srahan yen ngajeng sampun wonen upacara srah-srahan inggih srah-srahan kang werdinipun tanda sarujuk ing rembag antawis kulawarga setunggal lan satunggalipun, mila lajeng wonten tanda dados /jadi nggenipun nglamar. Samenika wonten tuakr cicin

Mila Srah-srahan nalika Midodareni pemanggi kula srah-srahan calon pengaten, mila pryogi boten perlu mbeta punapa-punapa.

Dene kados ingkang kula aturaken ngajeng , tasih kathah ingkang dereng dipun damel paugeran, ingkang sipatipun tasih mana suka, kados contonipun
Nontoni;
Lamaran
Asok Tukon
Srah-stahan
Pasang Tarub
Ugi Bab busana kagem tiyang sepuhipun lan busana pengombyong manten : Buku tamu, bager ayu/bagus, among tamu. Lan MC

Makaten sawantawis atur kula sumangga para sutresna kersa nunggal katin paring pemanggih. Murih saged mbuka manah para kadang sutresna Budayan , nligi kang badhe kagungan kersa saged langkung terwaca.

Bab Adat Nontoni

Adat Nontoni punika satunggaling tata cara Jawi, mligi satunggaling kulawarga ingkang kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu, ingkang dados inceranipun. kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados sisihanipun putranipun

Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil kulawarga utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik melik, wonten dalemipun lare estri ingkang dados inceranipun wau.

Mila wakil kulawarga wau sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri , ingkang ugi nganthi putra kakungipun. Liripun samangke saged pirsa piyambah larenipun.

Dene kulawarga pihak putri, sampunipun nampi rawuhipun para tamu, ing salajengipun badhe ndhawuhi putranipun putri ingkang dados wigatosing rembag kadhawuhan ngladosaken unjukan, sarta dhahar kagem para tamu wau. Liripun sageda dipun pirsani ingkang badhe ngersakaken, leres lan botenipun

Adat ingkang sampun, wonten ing adicara nontoni rantamanipun:
Atur Pambuka saking kulawarga. Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta mundut pirsa wigatosipun anggenipun sami rawuh.
Atur pangandikan saking pihak tamu. Wigatos atur, ngaturaken salam taklim Bpk X. Lan matur punapa ingkang dados wigatos sowan.
lajeng kacaosan unjukan lan dedhaharan. Wonten adat caos unjuk punika putra putri ingkang wigatosing rembag ingkang ngladosaken. Dene putra kakung ingkang badhe ngersaken wau namung mirsani kanthi ulat manis, lan tanggap ing samita.
salajeng kulawarga pihak kakung sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes wedal badhe sowan malih
panutup, atur pangandikan saking kulawarga putri, lan boten kesupen atur salam taklim katurna bpk. X
Salajengipun wakil kulawarga kondur, lan caos palapuran wonten nersanipun Rama saha ibu putra kakung wau

Pramila adat nontoni satunggaling adat ingkang luhur, awit upacara Nontoni boten nilar suba sita anggen sami gesang ing madyaning brayat agung kang maneka warni

Punapa ingkang dipun kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:

Wigatosing rembag: Upacara Nontoni, satunggaling adat tiyang sepuh ingkang badhe kagungan kersa mantu, kanthi pangajab putranipun manggih begja mulya. Mila 3 prekawis kang dados tetimbangan : BIBIT, BEBET, BOBOT

Sambet bab wau, lanjeng punapa werdinipun, lan tasih relepan?:

Saking pemanggih kula bab upacara nontoni, najan kawontena tambah maju, lare sampun sami tepang, nanging jejering tiyang sepuh kinten kula saelan prayogi tetep cawe-cawe, paring tetimbangan. Jaman kawuri tetimbanganipun kados ingkang asring kapireng ingkang dipun wastani: BIBIT, BEBET LAN BOBOT

Dene saking pemanggih kula tetimbang punika wonten saeipun, awit tasih :
Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul saking punidi utawi kulawarga kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae, boten gamping crah utawi padudon.
BEBET. Kinten kula tetimbangan punika ugi tasih perlu, awit; bebet = sipat, watak larenipun, murih saged larasing anggenipun sami bebrayan. Sanadyan boten badhe cocok 100%, Mila pangajab saged sami mong kinemong antawis satunggal lan satunggalipun. Mila ingkang perlu dipun emut, bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados ciri-wancinipun, boten saged ewah.
BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.

Ewa semanten kula sumanggaken. Awit sedaya ugi saking nasibing lare.

Nanging yen ngemuti duk semanten dados tetimbangan bilih

BIBIT, tegesipun wiji, utawi asal-usuling kulawarga, kados pundi sae lan botenipun, BEBET, tegese derajat turunipun, mligi sipat lan watakipun.

BOBOT, tegesipun larasing gesang ing tembe, mligi bab tegesipun

Makaten saklumit gambar adat nontoni ingkang kula mangertosi. Pramila kula sumanggakaken para sutresna budaya badhe nanggapi.

Nuwun


Bab Adat Lamaran

Kados pundi babaring adat lamaran jaman kawuri lan kados pundi prayoginipun ing wanci punika ?

Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken sampunipun angsal sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.

Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku
Atur pambuka saking kulawarga
Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan, werdinipun murit saged lengket / kelet ) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
Caos kintun oleh-oleh
panutup.

Adat Asok Tukon

Sajatosipun asok tukon, boten perlu dipun acarani, tegesipun saged sesambetan langkung prei, Dene Asok tukon kathahipun dipun dadosaken satunggal nalika Lamaran. Lan wonten nalika Malam Midodareni

Dene uba rampe asok tukon :
Sanggan
Busana satunggal pengadeg kagem calon manten putri
tindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
Oleh-oleh, ujude dhadharan saking ketan
5. Yen Eyangipun tasih, nyaosi pesing kagem Eyangipun






Bab Pasang Tarub

Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling talak balak.

Manut crita kina pasang tarub dados pratanda nyuwun kangge ingkang jagi lingkung utawi papan mriku ( kawentaripun ingkang mbaureksa) murih tumut ngrencang-ngrencangi, nanging wonten ingkang kagungan pemanggih anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi anggenipun kagungan kersa murih papan wau saged cekap lan mboten nguciwani anggenipun nampi para tamu.

Kejawi saking punika pasang Tarub. asring wonten ingkang ngagem petang utawi tetimbangan ingkang sipun wastani “saat”. Dene tetimbangan wau lajeng kados-kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes, kados contonipun sareng naasipun kulawarga. mila pinanggihipun unik. Dene yen tetimbangan kula ingkang baken dinten lan wekdal saged disengkuyung dening sanak sederak, nuwun semu punika kula. Ingkang tentu kemawon boten nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu damel regenging papan, kang kagungan kersa?

Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu.

Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene
1. Pisang Raja Ayu
2. Kelapa ganding
Tebu wulung
4. Pari lan cantle
5. ron-ronan ; keluwih,ringin dan kroton lsp


Pasang “Tratak”

Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Bleketepe punika ; nam-naman ron klapa. Nanging samika tratak umumipun dipun gantos tenda.

Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel mlengkung, werdinipun amayungi. Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun ‘jan’ saking tembung “jane” dene ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur kuning dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana janur kuning mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku)

Salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub

1. Damel “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi wulung (pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.

2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang raja, cengkir gading, tebu wulung, pari lan cantel, ron kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab saking kang kagungan damel

3. Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”

4. “Pari wulu” kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.

5. Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesangipun ing pundit papan, sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun sumrambah tiyang sanes

6. Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”

7. Ron keluwih’, dados lambing supados ing tembe wingking gesangipun saged tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana sarja, derajat dsb

8. Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarganipun, sumrambah dating masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu boten malah damel kapitunan )

9. Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang badhe ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan

Mila tarub satunggaling pratanda anggenipun murwakani satunggaling kulawarga anggenipun kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N ) sampun wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah melengkung mengku werdi ngrengkuh.

Makaten sawantawis bab tatacara adat Jawi pasang tarub


BAB BUSANA JAWI

Busana Jawi pancen kathah, awit pangagemipun dipun larasaken kaliyan kabetahan, sarta kawontenan ingkang ngagem. Liripun sampun ngantos kedadosan lare-lare agemanipun model tiyang sepuh. Lan suwalikipun. Mila lajeng busana ingkang dipun wastani:.
Busana “Kasatriyan”: mligi Busana Kakung, ngagem: rasukan surjan. Nyamping wiron, lotong – kamus, iket Yogja, lan keris Yogja, selop polos , yen kagem pahargyan agung, ngagem asesori: Bros, lan kalung ulur utawi karset.
Busana “Putri”, mligi putri, ngagem, rasukan kebaya Yogya, nyamping wiron, Ukelan utawi gelungan, saget tekuk utawi kondhe, yen kagem pahargyan resmi, ngagem asesori: “Peniti renteng, utawi bros.
Busana “Sabuk Wala” mligi kagem lare putri, kang umur 13 tahun sapengandhap.
Busana “Kencongan”, punika sabuk wala mligi lare jaler, prayogi boten ngagem iket. Ingkang sae gantosipun ngagem hiasan rambut utawi bulu-bulu,
Busana “Pinjung”, busana mligi lare estri, ingkang sampun dewasa utawi “prawan kencur”, gelungan tekuk. Mligi kangge lare umur 13 -an tahu minggah
Busana “Semekan”, Busana lare ingkang sampun dewasa nanging dereng krama. Dene busana semekan wonten werni-warni, conto:

1) Busana Semeken busana semekan ngagem rasukan, ingkang boten dipun kancing , supados .semekanipun. ketingal. Nyamping wiron. Ukelan tekuk ngagem bros ….

2) Busana Semekan Bleg-blegan, busana semekan Bathik Tengahan Sutra; boten ngagem rasukan, model nyamping seretan. Tegesipun wiron wonten pinggir ingkang dipun klembrehaken, mila yen tindak wiron kaseret. ngagem kacu lan bros. Dipun selipaken ngandhak semekan , Ukelipun tekuk hiasan sekar “Ceplok jendhit”

3) Busana Semekan Tengahan Tritik, busana punika jatosipun sami kaliyan busana semekan Tengah sutra. Namung bedanipun langkung parsaja.

4) Busana semekan Sindur, busana punika ugi sami, namung bedane semekanipun sindur lan mligi kagem yen sowon wanci midodareni. Mila ukelipun kondhe.

5) Wonten malih busana Semekan kancing Wingking” punika radi beda awit punika semekan model Solo, boten ngagen rasukan, nyamping wiron

4. Busana Manten; ing kraton namung wonten kalih warni, kagem pahargyan, lan ngudhuh

1) “Busana Paes Ageng ( busana punika ngagem dodot, utawi kampuh), Busana punika boten ngagem rasukan, mila kuluk warni biru. lan Busana Jangan Menir, busana Jangan Menir mligi kagem sepasaran yen dipun undhuh pihak kakung. dene paesipun sami, busananipun boten ngagem kapuh, nanging nyapingan Cindhe, rasukan sikep blenggen, Kuluk kanigoro.

2) Busana Manten njawi Kraton, Jatosipun punika busana ingkang memba Busana para Sentana Kraton. Conto Busana “Kasatriyan”. Ingkang lajeng dipun agem busana manten. Dene yen kakung ngagem kuluk kanigara dipun sebat “Busana Manten Kasatriyan Ageng” nyamping pradan lan rasukan kembaran kaliyan kakung (sawitan),

3) Busana Manten “corak Putri” Bedanipun kaliyan model Kasatriyan, kakung rasukan model sikepan blenggen, Kuluk kanigara, nyamping pradan.

4) Sarta dereng dangu punika wonten Busana Paes Ageng Kanigaano. Punika busana kampuhan lan ngagem sikepan, jatosipun punika busana jumenengan ratu wantawis Sultan kaping 5-an


BAB BUSANA MATARAM JANGKEP

Bab Tatacara ngagem Busana “Mataraman Jangkep”: kanthi titikan inggih punika :
ngagem nyamping model wiron.
ngagem lontong lan kamus
ngagem rasukan surjan
ngagem iket gagrak Yogya
ngagem keris gagrak Yogya
sarta selop polos

Tatacara ngagem Nyamping, saderengipun dipun wiru rumiyin, utawi dipun lempit-lempit, wiyaripun antawis + 3 jari kagem kakung, + 11/2 driji kagem putri, sarta seret nyamping pethak dipun katingalaken

I. Tata cara miru model Yogya ingkang umum

1) Nyamping dipun gelar, dipun padosi ingkang jawi, ingkang dipun wastani “Ngengrengan”, yen nyamping sisih nglebet dipun wastani “terusan” . Liripun kagem netepaken ingkang badhe dhawah nginggil. Utawi arah miringipun nyamping model nyamping lerek.

2) Pinggiran nyamping sisih tengen ingkang wonten seretipun pethah, ingkang badhe kagem wiru utawi diwiru, kang badhe dipun cepengi asta tengen; diwiru utawi dipun lempit-lempit arah mlebet, menawi sampun tumata, lajeng dipun wiru / dilempit medal utawi dipun walik nglempitipun, mila seret nyamping katingal tetep wonten pingggir malih, lajeng dipun ambali malih ngantos wongsal-wangsul, udakara kaping 7-an. Pinggiran sutunggalipun ingkang mangke dipun cepengi asta kiwa, prayogi ugi dipun wiru; wiyaripun mana suka (langkung alit) liripun yen dipun agem saged neces, lan sekeca yen kagem tindak. Dene kathahipun wiru pengasih, gumantung ageng lan botenipun ingkang badhe ngagem nyamping. Yen sampun dados wiwit dipun agem. Kagem pemut; seret pethak kedah dhawah kados nyamping saderengipun dipun wiru ( wonten sisih jawi )

3) Kejawi punika ugi wonten wiru engkol utawi pengkol, punika mligi kagem para abdi dalem keprajan, damelipun wiwitanpun sami, namung yen dados kadudut pucukipun wiru ingkang nomer 3

2. Caranipun nyampingan utawi bebetan:

1.) Nyamping dipun agem, dipun jereng, dipun persani yen wonten ceplokipun utawi gurdhanipun, alar gurdga kedah minggah, yen lerek kedah mandhap, utawi miring ngiwa. Dene seret pethak kedah dhawah jawi utawi pinggir. Wiru ageng dipun cepengi asta tengen, wiron pengasih asta kiwa.

2.) Ingkang dipun cepengi asta tengen langkung rumiyin dipun tempelaken tengah-tengah padharan, kangge nginten-inten inggilipun nyamping. Pathokan sak kemiri.

3.) Wiru wau dipun angkat majeng, tumuli pengasih dipun ubetaken diputer liwat ngajengan padharan dumugi bangkekan sisih tengan ngandap kelek. Lajeng wiru ingkang dipun cepengi asta tengen dipun tempelaken padharan malih, lan kedah tetep dhawah tengah. Kagem ngawekani kodhok melet pengasih dipun tarik minggah sekedhik, lajeng dipun tangsuli lawe

3 Cara ngagem lontong lan kamus: yen nyamping sampun mapan lan rapi, prayogi ngagem stagen rumiyin, nembe ngagem lotong. Kanthi ubetipun katumpuk, paugeranipun pucuk lontong sampun dhawah wingking, Prayogi yen dhawah ngajengan. Salajengipun nembe ngagem kamus (sabuk), ugi pucuk kamus dipun angkah sampun dhawah wingking.

Mligi lontong wonten ingkang lontong polos, abrit, ijem, biru, jene, lan lontong Cindhe, sarta lontong sindur. Semanten ugi kamus, wonten polos bludru, kamus bludiran, lan kamus kristik.

4. Cara Ngagemipun rasukan SURJAN: ngagemipun kados yen ngagem hem umumipun. Surjan ugi wonten model Surjan sutra (sekaran), model surjan lurik, lan model surjan pranakan, kang wonten sambetipun kabetahan, utawi pranatan kaprajan.

5. Ngagem Iket model Yogya. titikan wonten mondholan, sinthingan lan blumbanganipun. Dene modelipun warni-warni; awit jaman kawuri ngagem iket amargi ngagemipun dipun ubet-ubetaken utawi dipun iket ditangsuli. Mila lajeng sinthingan katingak warni-warni, wonten njenthar, wonten sintingan dipun damel panjang ngantos kemlebreh dumugi ngajengan, nanging ugi wonten sinthingan dipun dadosaken satunggal sisih kiwa utawi tengen kados kuping trewelu njepiping. Mila kagem ngawekani gampilipun ngagem lajeng cara ngagem iket dipun blangkon, mila lajeng dipun sebat iket blangkon. Sedaya wau margi wonten sambetipun kaliyan kabetahan, utawi tanda kalenggahan Conto satunggal resi, utawi sentana dalem, utawi abdi dalem, lan kepara kagem tanda tiyangb ingkang kagungan kadegdayan lan sanesipun.

Mila samenika ngagem iket langkung gampil, awit namung kados ngagem topi. Ewa semanten yen boten pirsa cara ngagemipun katingal lucu, mila prayogi ngagem iket blangkon supados katingal mriyayi pucuk sinthingan sampun katingal, semanten ugi sisih ngajeng kang dhawah nginggil alis, prayogi + 1 jempol, sampun tebih kaliyan alis, menapa malih nutupi alis.

6. Ngagem Keris; dipun agem wonten wingking, kaselipaken antawis nyamping lan lonthong. Dene keris utawi dhuwung wonten model gayaman, lan branggah utawi ladrangan. model branggah umumipun kagem upacara langkung resmi. Yen gayaman, kagem climen utawi padintenan.

Kejawi punika tatacara ngagem wonten sambetipun kabetahan kados contonipun:

1) Model Klabang Pinipit” (Pipitan) Keris dipun agem miring nengen (asta tengen) kagem pahargyan / upacara resmi lan wonten ingkang mastani model “Ogleng”.

2) Model “Munyuk Ngilo”, Keris dipun agem miring ngiwa, dipun agem para prajutit kraton ngasta bedil utawi kagem beksa, Wonten ingkang mastani model “Kewal”

3) Model “Andoran utawi dederan” Keris diagem ngadeg jejeh, mligi kagem marak priyagung kang dipun urmati, utawi wonten papan kang kinurmatan (mesjid, makam lsp), biasa priyantun Solo, utawi warok

4) Ngagem model “Anggaran” Keris dipun agem sajawining lonthong, ngagem wadhah piyambak dipun paringaken ngajeng sisih kiwa, mligi dipun agem komandan prajurit.
Ngagem selop model polos, awit yen bludiran kagem manten ( Sultan)

Makaten sawantawis tatacara ngagem Busana Mataraman Jangkep

Bab Nyamping, Jarik, Sinjang, Bebet lan Ginanipun

Cecala: kagem ngawekani supados boten tumpang suh anggenipun nampi, prayogi langkung rumiyin sami pirsa (nuwun sewu mligi kangge lare samenika ) istilah utawi sebatan Kain menggahing adat Jawi dipun pilah-pilah miturut ginanipun, contonipun inggih punika:
Kain = Jarik, jarit, sinjang, nyamping, punika kain ingkang wiyaripun kalih setengah kacu. (wiyar kain kaping 2 ½) ginanipun kagem nyampingan. Jarikan
Kain = bebet,( basa madya, ngoko) punikan kain, nyamping mligi ingkang dipun agem kakung / priya
Kain = Lendhang, ageng alitipun benten, inggih punika; wiyaripun sepalih jarik, cirinipun pucukipun lendhang wonten hiasan utawi ornamen ingkang dipun sebat motif tumpal, wujudipun motif “segi 3 sami kaki” lan wonten ingkang dipun sebat Slarak kandhang, ujudipun motif garis-garis melintang. ginanipun kagem nggendhong,
Kain = Kemben. Ageng wiyaripun sami lendhang, bedanipun boten ngagem tumpal nanging ngagem kemada ( hiasan pinggiring kemben mubeng ) ginanipun kagem kembenan ( nutupi susu ), sejatosipun punika gantosipun “kotang = BH” . Kemben punika maneka warni kados saking batik, lan wonten ingkang dipun paringi tengahan wujudipun wajikan utawi belah kethupat lan wonten ingkang tengahipun sedaya dipun blok sutra, lan tasih wonten tengah malih wujuk wajikan

Bab tata adat busana lare
1. Sabuk Wala; adat tata cara ngagem busana; nyampingan ingkang sepalih kagem sabuk , lan sepalih kagem nyamping utawi bebet.

v Wala Werdinipun : saking tembung “Wal” tegesipun UWAL utawi

v Wala ( Kw ) tegesipun sabuk,

Dene adat busana punika mligi kagem lare-lare estri kang nembe umur 7 dumui 12 th

v Busana Sabuk Wala, yen ingkang ngagem jaler dipun sebat “Kencongan”

v Busana punika jaman kawuri kagem upacara tetesan utawi tetakan
2. Busana Pinjung ( an ) utawi pinjungan: mligi busana kagem lare istri, mgkang ngancik dewasa utawi prawan kencur . duk kawuri kagem busana bibar tarapan

v Pinjungan, punika model busana ingkang pojok nyamping ( maju 3) kagem nutupi susunipun.
3. Busana Semekan, busana mligu lare ingkang wiwit dewasa (enem ; prawan), tembung ngokonipun dipun sebat kembenan. dipun sebat Busana Semekan margi ngagem kemben utawi semekan gantosipun kotang utawi BH Dene busana semeken wonten warni-warni

v Busana Semekan Batik,

v Busana Semekan Tengahan Sutra,

v Busana Semekan Bleg-blegan,

v Busana Semekan wonten ingkang ngagem rasukan utawi kebaya, nanging ngagemipun kebaya boten dipun tangkepaken, mila lajeng kembenipun utawi semekanipun ketingal.
4. Busana Seredan, puniika tatacara ngagem nyamping ingkang bonten kados adat sabenipun ngegem wiron, nanging ingkang asring kagem wiron dhawahipun pinggir ngandhap kelek, ingkang dipun pendhet pucukipun, mila lajeng tirahan nyamping katingal kemlembreh …. mila yen tindak lajeng kaseret.

v Model nyampingan punika kerepipun kagem beksa.


Bab Busana adat, mligi salebeting upacara mantu

Ageman Busana Jawi, pangagemipun kapilah, wonten ingkang dipun sebat busana resmi, mligi kagem upacara-upacara resmi: upami upacara adat, nampi tamu, lan pahargyan; ingkang climen, utawi ageng. Ingkang ugi kapilah, tatacara pangagemipun: conto:

Kegem lare-lare; lare alit, sampun dewasa, beda pangagemipun busana, semanten ugi lare estri; prawam lan joko, sarta tiyang sepuh.

Kanthi makaten busana Jawi pranyata maneka warna, punapa malih yen badhe ngonceki werdinipun, mligi bab Nyamping; punika ngrumit, awit gambar isen-isenipun mengku sasmita ingkang kebak ig pralampita.

Dene ingkang badhe kula aturaken wanci punika, mligi busana ingkang wonten sabetipun kaliyan ingkang sampun kula aturaken ing Minggu ngajeng; inggih punika ingkang kaagem upacara maten, mligi Ngayogyakarta; inggih punika
Busana kagem siraman; tiyang sepuhipun sarta calon manten.
Busana kagem Midodareni, mligi tiyang sepuhipun sarta calon manten
Busana Manten, kagem pahargyan climen, lan pahargyan agung
Busana para-para ingkang nyengkuyung adicara punika

A. Busana kagem upacara siraman:
Kang kagungan kersa ( Rama / Bapak), Prayogi busana Mataraman jangkep, inggih punika ngagem: Surjan, nyamping wiron, Destaran, ngagem dhuwung, sarta cenela. Dene nyampingipun model corak “cakar ayam” utawi jenis nyamping Nitik. Werdinipun wiwit wanci punika putranipun katitik utawi kaajab sampun badhe ceker-ceker pados tedha piyambak, mila dados pralampitaning tiyang anggenipun miwiwiti bingah.
Dene sisihanipun (Putri / Ibu ), proyogi busana putri, Nyampingan wiron ngagem kebaya Yogja, model nyamping prayogi sami garwanipun, Cakar ayam ( sawitan kakungipun). Kejawi punika boten prayogi yen ngagem raja keputren ( asesory)
Dene putranipun ingkang dipun sirami ( putri ), ngagem busana “siraman”, inggih punika nyamping mori pethak polos, prayogi ngagem pasatan, werdinipun busana siraman, dados pratanda anggenipun miwiti nyucikaken jiwa raga, awit badha nampi kekeran Dalem Pangeran, liripun badhe tumuruning “wahyu penganten, utawi Widodari, mboten inggih punika sanes garwa. Mila wanci punika dados wanci kaprihatosan. Anggenipun neges wonten ngarsa Dalem pangeran, punapa ingkang dados pilihan ( garwa, putra mantu) estu selaras kaliyan kersa Dalem Pangeran. Mila lajeng wonten tembung Jodho iku ora ana loro. Mila nalika bibar siraman, lare wau dipun busana nyamping grompol, singep nyamping Nagasari, dado pralampita anggenipun nampi sasmita, bilih pilihanipun laras kaliyan kersa Dalem Pangeran.
Tumapak lare dipun kerik utawi dipun halub-halubi. Dados sasmita anggenipun Juru sembaga, ngicali sesuker murih ing tembe wiking manggih gesang utami, tebih ing sambe kala. Mila busana wau sambet kaliyan uba rampe kagem ngerik: kadosta; Palenggahan ngagem klasa bangka, lan ron-ronan maca warni, ingkang kapilih wonten werdinipun. Kados; ron dhadhap srep, ron apa-apa, ron awar-awar, ron kluwih, suket alang-alangn sarta empon-empon (dlingo bengle) sarta katutup kain yuyu sekandhang, lan Pulowatu, nginggil piambak kain bangun tulak ingkang maneka warna (Abrit, ijom, Nila, Wulung, Cemeng, Jene, pethak)
Busana midodareni, tiyang sepuh sarta putra penganten ngagem nyampingan wiron, ngagem kebaya, nyamping corak motif “Trumtum” sarta mboten ngagem raja keputrem. Mila lajeng dipun sebat busana polos. Werdinipun, saking polosing manah, amargi wamci punika sami walaka, tumusipun lajeng -trumtrum-trumtrum punapa ingkang badhe numusi telenging manah mboten sanes badha gadhah putra mantu sarta jatu krama putrinipun.
Busana pahargyan, busana manten. Lan tioyang sepuhipun. Naning nuwun sewu prayogi badhe kula aturaken wonten wanci sanes.

Cecala bab Nyamping,

Amargi saking kathahipun nyamping mila pemanggih kula kula pantha dados 4.
nyamping batik: nyamping batik wonten ingkang dipun sebat: Batik tulis, batik cap-capan, batik kelengan, batik coletan, prenting. Dene nyamping wau lajeng sami dipun paringi nama miturut ingkang nyerat utawi ngripta, ciri-cirinipun wonten gambar isen-isenipun nyamping wau.
nyamping jumputan, damelipun krana dipun jumput lan ditangsuli, disum
nyamping tenun ; conto lurik, sarta Cindhe. Dene nyamping cinde kadamel krana katenun saking sutra asli.
kampuh, utawi dodot:

Nyamping batik punika kathah cacahipun, ngertos kula piyambak ugi mboten mangertos nama setunggal lan satunggalipun. Nanging miturut pemanggih kula, nyampin punika yen nitik saking gambar isen-isenipun saged kula pirang dados 4 :
Nyamping corak SEMEN. Ingkang kathah sanget sesebatanipun, conto : Semen Rama, Semen Sida Asih, Semen Sida Mukti, Semen Sida Luhur, lan tasih kathah sanesipun
Nyamping corak PARANG: ugi kathah kadosta: parang rusak, parang klitik, parang kusuma, parang plenik Udan riris, parang gapik, Parikesit lan tasih kathah sanesipun
Nyamping corak NITIK : ugi kathah: Simbar bintang, tanjung gunung, grompol, Naga sari, Cakar ayam, mrutu sewu lan tasih kathah sanesipun
Nyamping corak CEPLOK: Ceplok Gurdha, Ceplok Mangkarta, Ceplok Nagarini, Ceplok Naga Tapa, Ceplok Purbanegara, lan tasih kathah sanesipun

Makaten saklumit baba nyamping lan gunanipun




BAB UPACARA PANGGIH PENGANTEN

GAGRAH NGAYOGYAKARTA

Pepanggihan wanci punika badhe kula aturaken mligi:
NDUDHAH WIGATOSING UPACARA PANGGIH
LAMPAHING ADICARA PANGGIH

Ngemuti bilih kabudayan Jawi estu luhur, liripun mengku sasmita, kebag ing pralampita, awit kebag ing pitutur utawi piwucal luhur kang sinandi. Ingkang tlonjongipun amargi kawios saking pangandikan utawi pangajab ingkang kagungan karsa, boten sanes murih sageda sami manggih kabegjan, gesang kang utami

Dene Adat upacara panggih penganten punika pancen boten sami antawisipun daerah satunggal lan satunggalipun, kados dene gagrak Ngayogja kaliyan gagrak Solo, sarta daerah sanesipun, semanten ugi uba-rampenipun, sarta lampahing adicara. Pemanggih kula, sedaya wau ingkang dados sumber boten sanes saking kraton, utawi ingkang kagungan panguwaos wedal semanten. Mila gagrak Yogja ugi saking Kasultanan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo saking kasunanan Kraton Surakarta Hadiningrat.

Nanging ingkang badhe kula aturaken, mligi upacara panggih gagrak Ngayogya, ingkang sampun sumebar sarta mekar sak jawining kraton. Kepara sampun dados paugeran saking para empu ingkang sami pinitados

Dene upacara Manten kula pilah dados kalih perangan inggih punika:
A. Upacara sangajenging tarub
Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng Tarub kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu Manten Putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken putranipun putri. Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri 3, kakung 4 ) yen sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi ngguyur toya sritaman 3 X. Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet

B. Upacara ing nglebet dalem

Manten dipun dherekaen mlebet dening Ibu pengaring, lan pangombyong Dene Urutaning lampah upacara :

1) Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.

2) Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.

3) Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan)

Adicara punika mligi yen mantenipun prawan kaliyan joko. Awit yen randha asal joko, lan sewalikipun, sarta tasih wonten sambet sederek, pranataning adicara boten sami. Kejawi punika yen putra manten putri mbajeng, asring dipun adani langkung rumiyin ngunjuk rujak degan, werdinipun pinangka pambuka tumuruning wahyu penganten ing kulawarga. (ingkang mbikak margi / bukak dasar )

Makaten sawentawis adat upacara Panggih Manten gagrah Ngayogjakarta. Ingkang sampun dados paugeran

Atur Cecala bab Uba rampe upacara panggih, Ing Ngajeng Tarub:
Sanggan (pisang raja setangket, ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
Gantal. suruh kalinting isinipun; gambir lan apu katangsuli tali lawe
Ranupada ( lemek kagem mijiki suku ) lan siwur
sekar setaman ( mlathi, kenanga lan mawar )
tigan ayam kampung

Uba rampe upacara, Ing nglebet utawi ing pedaringan
Kagem tampa kaya; inggih punika:

v arta receh, cacah jangkep, saking kang alit dumugi ageng piyambak)

v biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget tuwuh;dele, tholo, kacang ijo, beras, jagung lan sanesipun.

v empon-empon: dlingo bengle

v sekar sritaman,

v Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.

v Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh ati ayam kapindang antep, saged dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan sanesipun

v Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu

v Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu )

Gendhing ingkang dipun agem:
Gendhing Bindri : kagem ngiringi rawuhipun maten Kakung
“Ladrang Penganten Pl Barang= kagem upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
“Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang, utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.


UPACARA PANGGIH PENGANTEN GAGRAH SOLO

Cekaking rembag: Nglajengan punapa sampun iaturaken rikala Minggu kapengker, upacara panggih gagrak Ngayogyakarta. badhe kula sambet kados pundi yen gagarak Solo, lan ing pundi bedanipun. Nuwun sewue ingkang kula aturaken punika, mligi tata ados adat kabudayan sakjawining kraton ingkang sampun dipun tangsuli dening paugeran-paugeran, kepara sampun kekahaken dados paugeran umum,

Upacara sangajenging tarub

Panataning pangombyong (pormasi barisan) Maten kakung
Cucuk lampah (ingkang pinangka wakil keluwarga)
Sanggan
Kembar Mayang sepasang
Maten kakung lan 2 ; pengaring Kakung
Pangombyong (kulawarga, warga sanesipun. Tiyang sepuh boten tumut )

Panataning lampah (pormasi barisan) Maten Putri
Cucuk lampah,
Putri Domas ( Penari gambyong,yen perlu ngagem )
Kembar Mayang sepasang
Maten putri lan 2; pengaring Putri
Tiyang Sepuh.
Mligi warga nunggal bapa biyung ( boten perlu perlu pengombyong)

Tata rakiting upacara
Manten kakung rawuh dipun purwakani gending Kebo Giro ( monggang)
Rombongan dumugi ngajeng Tarub, kang ngasta sanggan lajeng mlebet ( kados Yogja). tumuli Rombongan Manten putri medal .
Litunan Kembar Mayang, kembar mayang saking kakung kacaosan keluarga, samangke kapajang sakiwa tengening dampar rinengga / pedaringan. Dene kembar mayang saking putri kabucal wonten jawi ( prapatan)
Balang-balang sadak ( namung kaping sepisan)
Manten Kakung ngidak tigan ing ranu pada
Manten putri mijiki sukunipun.
Manten kaboyong mlebet ngadani adicara kacar-kucur. Nalika mlebet maten kekalih dipun kemuli sindur, Ibunipun. Werdinipun tiyang sepuh nggendhong kekalih putranipun, Mila cakcakanipun Ramanipun wonten ngajeng maten, dene maten kekalih sami nyepengi bangkejan ramanipun, Ibunipun wonten wingking maten kaliyan nyepengi sindur ingkang dipun kemulaken, lanjeng mlebet, dipun rumiyine embar mayang saking kakung wau. Ingkang dipun pandegani cucuk lampah.
B. Adicara kacar-kucur:

1) Upacara timbangan, tumindakipun: Ramane Lenggah, lanjeng maten sami dipun pangku pupu kiwa tengen ramanipun. Tumuli Ibune nyuwun pirsa:”Abot endi Pak?” Ramanipun paring wangsulan: “Padha wae “

2) Upacara Tandur:: bibar mangku Ramanipun lajeng jumeneng, tumuli manten kekalik pundhakipundipun cepengi asta kiwa tengen lajeng kalenggahaken (katuncepaken) mimba tiyang tandur

3) Upacara Tampa Kaya, sami Yogya

4) Dahar Klimah, tumindakipun manten kakung mundut sekul kakepel kaping tiga, dipun paringaken piring ingkang dipun asta manten putri, lajeng sami dipuin dhahar sesarengan (Kembul dhahar) lajeng wijik, lan ngujuk sarengan.

5) Yen manten putri bajeng, lajeng diun adani ngunjuk rujag degan, tumidakipun: Ibu maten mundut rujag degan, kacaosaken garwanipun, yen sampun diujuk, sisihanipun nyuwun pirsa: ” Piye pak rasane?

6) Garwanipun mangsuli:”wah seger sumyah, lajeng rujak dipun suwun Ibunipun, lajeng kaunjuk, kanthi manthuk-manthuk, lajeng dipun paringaken putra manten kekalih, supados ugi ngicipi unjuk.

7) Sungkeman, dipun purwakani metuk besan, yen sampun lenggah, lajeng dipun purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya.

Wigatinging rembag
Yen sungkeman: prayogi keris boten diagem, yen sampun rampung sungkeman keris dipun agem malih
Adicara Panggih Manten gagrah Yogya lan Solo betenipun. antawisipun:

1) ngajeng tarub gagrak Solo; linton kembar mayang, balang-balang suruh namung mbalang kaping 1 X, Lajeng ngidak tigan, nembe wijikan. Mlebetipun penganten dipun kemuli sindur Ibunipun

2) Gagrak Yogya, boten wonten linton kembar mayang, balang-balangan suruh kaping 3 lan 4, lajeng Wijikan, tigan dipecak/dibanting.

3) Upacara kacar-kucur,:
Yogya: boten wonten, timbangan ( trajon lan tandur ).
Yogya, ingkang dhahar namung manten putri. Yen Solo kembul dhahar

3. Yen manten bajeng, gagrak Yogya ngunjukipun rujag degan bibar upacara kacar-kucur, saderengipun kacar-kucur. Yen Solo saderengipun kacar-kucur

Makaten sawantawis gambaran upacara panggih manten gagrak Solo, pramila kula aumanggakaken. Nuwun

Cathetan: Gendhing ingkang dipun agem:
Gendhing Kebo Giro utawi Monggang kagem Maten kakung rawuh
Kodhok Ngorek kalajengaken Ktw Laras Maya upacara panggih dumugi kalenggahaken. Kalajengaken Ladrang Mugi Rahayu kagem ngabekten

TANTINGAN = putra dalem Kakung,

PANANTUNAN = putra dalem PUTRI

Macul tumpeng = Putrine luwih tuwa

medot lawe = tasih misan

Ancik-ancik pipisan = sepupu ( sak Eyang )

Nyecek mawa ( bugel) = yen kakunge wis tau krama

Santren, 3 April 2008

R.Suwardanidjaja



BAB SAJEN

Kenging menapa wonten adat kejawen, mligi yen kagungan damel mantu, temtu sami ngagem SAJEN-SAJEN, lajeng punapa kersanipun lan werdinipun ?

Manut ingkang kula tampi, saking para pini sepuh; bilih SAJEN, satunggaling srana nyuwun wonten ngarsaning Pangeran, awit saking kapitadosan ugi kaliyan ingkang ngreksa papan padunungan, utawi ingkang anjagi utawi ingkang mbaureksa papan mriku.

Dene yen ngemuti gesang kula sedaya sejatosipun wonten sesambetanipun antawisipun Kula, Alam lan Allah. Tumusipun tiyang lajeng pados srana ingkang dipun wujudaken kados SAJEN-SAJEN punika.

Mila gothek ing tiyang ngakathah sajen satunggaling srana sesambetan kaliyan dat Pangeran ingkang boten kasat netra. Dene tembungipun sanes kangge nyuwun tulung supados sami tumut rerencang sampun ngganggu.

Dene sajen-sajen kadamel maneka warni saking pemanggih kula anggenipun nelakaken raos ingkang dados panyuwunanipun, kepara kirangipun sedaya wau tasih dipun kantheni wajib awujud arta, kanthi tembungipun “ Yen ana kurange tukua ana pasar gedhe”

Mila SAJEN-SAJEN kadamel wonten sambetipun kaliyan kabetahan, Conto Sajen Kagem Tarub, boten sami kaliyan sajen kagem Siraman, saha sajen Midodareni lan sanes-sanesipun.

Dene ingkang badhe kula aturaken wanci punika, mligi sajen-sajen tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu.

Pramila kenging punapa sajen-sajen maneka warni ujudipun, kinten kula mengku werdi. Lajeng punapa werdinipun sumangga samangke sami dipun padosi lan dipun onceki, werdinipun

WUJUDing SAJEN-SAJEN ANTAWISIPUN
Tumpeng, kados gunung
Sekul / sega
Jenang,
Jajan Pasar
Dhaharan,
Tetuwuhan, Woh-wohan lan Ron-ronan
Ingon-ingon ( urip-urip )

1. TUMPENG

1) Tumpeng Robyong: tumpeng ingkang rinengga: gudhangan, conto kancang panjang, wortel, kobis, So, bayem, bumbunipun anyep-anyepan, ugi lawuh kados; tempe goreng, ayam goring, iwak asin, pucuk ing tumpeng dipun sunduki sada tigan ayam kulitan, trasi, brambang, lan lombok abrit, Punika dipun racik wonten cething saking bambu, anggenipun nata acak-acakan. Margi saking anggenipun nata acak-acakan utawi boten kanten-kantenan, katingal pating besasik. Werdinipun : satunggaling pemut bilih ing tembe gesang kula panjenengan boten waspada, badhe ketaman sak warnining reribet, kados pepindhan kurdaning gunung ingkang ngedalaken latu lan lahar ingkang lajeng damel sakiwa tenganipun mosak-masik, amargi katrajang lahar, Mila panataning gudangan lan lawuh boten kanten-kantenan, dene pucuk wonten trasi, lambing lendhut, tigan, lambang sela-sela, nanging yen tiang pinter pranyata punika dados wiji, bakalan ingkang mupangati, awit saged dados srana damel bangun lan sapiturutipun, Lombok abrit lambang latu yen gunung kurda tentu ngedalaken latu Nanging yen dipun pratitisaken gesang kula kedah murup. Liripun sampun ngantos kados reca tanpa ginua.

2).Tumpeng Gundhul: wujud polos pethak, dene lawuhipun goring-gorengan: peyek teri, peyek gereh ( iwak asin: pethek), peyek kancang peyek tholo.

Dene werdinipun: satunggaling lambang kagem pemut dumadinipun tiyang lahir ingkang polos, lugu, prasaja, inggih bab raos, lahir lan batin, ugi manah utawi pikiran tasih suci / sae.

3). Tumpeng Pungkur; ujudipun kados tumpeng rombyong, nanging dipun palih, dene panatanipun sami ungkur-ungkuran. Umumipun kagem sajen memule para-para ingkang sampun suwargi

4). Tumpeng Megono : lawuhipun wonten 7 warni, inggih punika: kangkung, kacang gleyong, mbayung, kobis, wortel, boncis, lan thokolan.

2. Ketan Kolak, lan apem. Wonten kolak kencana ( kadamel saking pisang emas )

3 Jenang-jenangan; ingkang sampun wonten 7 warni inggih punika:

1) jenang pager ayu (jenang abang diubengi jenang putih)

2). jenang abang,

3) jenang putih

4) jenang abang diparingi pupuk jenang Putih,,

5) jenang baro-baro, ( jenang abang nginggilipun dipyur-pyuri parutan klapa lajeng dipun sukani irisan gendis jawi )

6) jenang palang,

7) jenang separo abang-putih

3. Dhaharan Asrep-asrepan. klebet sekul, gudhangan sak bumbunipun , sambel gepeng (dele pethak dipun deplok lan gereh pethek), endhog godhog,

4. Sekul inggih punika:

1) Sega Gurih lan lawuhipun: sambel pecel, sambel pencok, timun, kemangi, krecek, ketan kolak

2) Sega Liwet, lawuhipun srundeng

3) Sega kebuli : uwos dipun masak kanthi bumbu gule, dipun paringi endhog godhog ingkang dipun goreng,.brambang utuh digoreng, lan jerohan ayam

4). Sekul kuning:, lawuhipun endhog dadar, bregedel, abon, kacang goring, dhele cemeng

5) Sekul Golong: sekul kadamel bunder, cacah 2

6) Sekul Golong Lulut: sekul kadamel bunder nginggil dipun sukani utawi dipun tutup endhog dadar

5. Sanggan: ujudipun wonten: Pisang raja setangkep, dipun rengga lawe wenang (dipun ubengaken ing pisang wau), kinang ( suruh, gambir, injet, sata) lan kembang talon ( Kanthil, kenanga,Mlathi), abon-abon,

6. Jajan Pasar, ujudipun: maneka warni woh-wohan, nanas, sawo, jambu, pelem, jeruk lsp, pala kependhem, pala kesimpar, pisang raja, raja pulut, makanan tradisional, empluk dipun isi uwos lan tigan, jlupak kagem dilah.

7. Bucalan: kadamel wonten ancak; isinipun; irisan jenurk pecel, rujak, tumpeng alit-alit warni abrit, pethak, ijem, jene, cemeng, endhog mentah, srutu, kembang talon, arto receh (logam) jenang baro-baro, biji-bijian, gecok mentah ( daging mentah dipun sukani santen)

8. Sangga Buwana: sekul dipun tutupi intip mengkurep

III. SAJEN PASANG TARUB
2 ambengan sekul lulut ( sekul pulen)
2 ambengan sekul wuduk ( sekul gurih )
6 ambengan sekul asahan salawuhipun
jajan pasar sapepakipun,
jenang-jenangan
pisang ayu, lan suruh ayu
Ingkung ayam
SAJEN SIRAMAN
Tumpeng Robyong
Tumpeng Gundhul
Jajan Pasar sak pepakipun
jenang-jenangan
pisang ayu, lan suruh ayu
Jenang-jenangan maneka warni
dilah, sentir ( saking jlupak paringi lisah klentik)
Sekar Sritaman ( Mlathi, kenanga lan mawar )
urip-urip ( ayam jagoan )
V. SAJEN NGERIK MANTEN
Sami sajen Siraman,

VI. MIDODARENI

1. sega gurih komplit lawuhipun: sambel pecel. Sambel pecok, krecek lan lalaban

2. ingkung ayam

7. sentir saking jlupak

Santren 6 November 2008

Dening Suwardanijaya

BAB UPACARA SANES INGKANG TASIH WONTEN

SAMBETIPUN KALIYAN UPACARA PANGGIH MANTEN

Upacara Maten

Upacara Maten, ingkang kedadosanipun sambung-sinambung kados ingkang sampun nate kula aturaken antawisipun bab

Nontoni

Lamaran, lan asok tukon

Siraman lan Nyantri sarta Midodareni

Ijab

Upacara panggih

Kejawi punika ugi wonten upacara ingkang sipatipun mligi, kanthi tetimbanganipun
Yen Nglangkahi : kasebat Upacara langkahan dipun adani umumipun nalika wanci malem midodadreni
Yen Putra bajeng : kasebat Upacara bubak kawah

* dipun adani sasampunipun upacara ing ngajeng tarub, lan saderengipun upacara ing nglebet inggih punika kacar-kucur
Yen Putra Wuragil : kasebat Upacaara tumplak Punjen

* diadani sasampunipun upacara upacara panggih purna

Dene yen ngemuti jaman semanten, upacara panggih dipun bedakaken yen kawontenanipun putra-putra penganten kados antawisipun::
Upacara panggih yen Prawan kaliyan Jaka ingkang mastani tigas kawuryan, dene yen putra manten putri mbajeng dipurwakani Tiyang sepuh ngunjuk rujag degan. Dipun wastani “BUBAK KAWAH”. Ingkang sampun nate kula aturaken.

Ingkang werdinipun Upacara punika mengku werdi, mbok menawi punika mendhet saking berkahipun Kyai Ageng Pemanahan nalika asal gaibing Pangeran yen badhe nurunaken dat ratu kang pinunjul, karana ngunjuk deganipun ki Giring, Mila ing upacara Panggih tiyang sepuh sami ngunjuk toya degan ugi putra penganten, pamrihipun ing bejang putranipun saged gadhah turun ingkang luhur utawi dados priyagung, ingkang gesangipun boten kekirang (ingkang umum sami mestani ngunjuk rujak degan)
Upacara panggih Prawan asal jaka lan tasih naning tasih sederek piyambak, dene manut silsilah kang estri langkung sepuh, upacaranipun ingkang kakung saratipun inggih punika macul tumpeng kanthi mancik sak nginggiling pipisan, tumuli kalajengaken nrajan lawe wenang.. lajeng nembi dipun adani upacara pangih.

Nanging yen kakungipun langkung sepuh, namung mantenipun nrajang lawe wenang, mboten ngangge macul tumpeng
Upacara Prawan kaliyan Dhudha kembang. Dene pangrakiting upacara inggi punika ; saderengipun upacara panggih dipun acarani manten putri nyiram bugel ( tumper) ngagem toya wonten ngajeng tarub, dados saderengipun upacara panggih. Werdinipun, manten putri arsa nampi lan adhe memper, nyirep punapa ingkang sampun nate dipun lampahi dening manten kakung duk semanten, inggih klebet kekajengan, kareman utawi watakipun
Upacara Randha kembang kaliyan Jaka, dene upacaranipun sami, namung ingkang nyiram toya ingkang kakung

Cekaking rembag:

Dene werdinipun Upacara panggih jatosipun mengku werdi ingkang luhur, liripun pinanggihipun lare kekalih antawisipun jaler lan estri, ingkang nyuwun donga lan pangestu sedherekipun lan tangga tepalih, kanthi paring paseksen bilih titiwanci punika lare kekalih sami ngepyakaken anggipun badhe sami tembayatan inggih menika mbangun bale griya murik ing tembe brayat sami manggih rahayu nir ing sambe kala

Kanthi makaten murih lancaripun upacara layeng dipun tata, lan dipun acarakaken, ing mriki lahiripun tata upacara panggih

Mila nuwun sewu yen badhe damel ada-ada piyambak inggih mangga, nanging ingkang jangkep, tegesipun runtut. Nuwun sewu upami ngagem busana model muslim inggih mangga, nanging yen dipun tata upacara sampun ngagem upacara Jawi inggih gagrak Solo utawi Ngayogja. Nuwun sewu kula mastani punika nama ngrisak kabudayan ingkang adi luhung.

Dene Bab Upacara tumplak punjen prayogi dipun rembag ing wedal sanes. Wusana matur nuwun

Siaran RRI, 18 Februari 2009


Werdining Upacara Tumplak Punjen

Cekaking atur bilih upacara TUMPLAK PUNJEN punika satunggaling kabudayan Jawi ingkang adi luhung, liripun upacara punika mengku sasmita; antawisipun
Dados srana donga pamuji atur panuwun wonten ngarsa Dalem Pangeran
Dados srana nelakaken raos bingahing manah, awit saged nuntasaken tugas lan kewajiban jejering tiyang sepuh ( saged peputra, lan saged nggulawenthah,lan mala kramakaken para putra )
Dados srana anggenipun saged mbagi kabingahan dumateng para putra tuwin para kadang kinasih, inggih sedherek lan tangga tepalih
Dados srana pangajabing tiyang sepuh,.mligi kangge para putra wayah, kanthi mbagi udhik-udhik
Tumrap para putra wayah dados srana anggenipun sami nelakaken raos bingah bilih rama ibu kaparingan panjang yuswa

Pramila tradisi punika satunggal pemut dumateng sok sintena, nalika sami nnampi kanugrahan inggih punika GESANG. Mila ujaring para winasis tradisi adat punika sageda dados tuntunan, totonan, sumrambahipun mligi kagem para putra wayah anggenipun nelakaken kabungahan wekdal semanten.

Pramila wonten ingkang adicara tumplak punjen, tatalaksitaning upacara sarta ubarampe dados lambang ingkang kebaging samudana. Kados:.
Sungkeman para putra, kinarya pratanda anggenipun caos bekti, saha anggenipun ngurmati dumateng rama lan ibunipun
Paringipun anggi-anggi dhumateng para putra, kinarya tanda anggenipun rama-ibu anglintiraken kabingahan lan kabegjanipun
Nyebar udhik-udik kinathi tanda anggenipun tresna asih dumateng para wayah-wayahipun

Yen miturut gotheking ngakathah bilih upacara tumplak punjen ugi dados srana paring pusaka adi, tumusing anggenipun paring sabdatama kados ingkang dipun paringaken Rama Ibu Prop Dr. Bambang Sumiarto dumateng para putra-putrinipun ing wanci punika, kinanthi candra sengkala , “ARUM ILANG TANPA NETRA”. Ingkang mengku werdi, bilih kasaenan ingkang sampun kawentar, datan wurung badhe ical tanpa lari jer boten linambaran saking telenging manah. Mula lajeng tumusing piweling:
NGLUHURNA MRING AllAHIRA
NGLUHURNA WONG TUWANIRA
AJA LALI MARANG SEDULURIRA
TUMINDAK,TUMANDUK MRIH ARUMING BUDI
JAGANEN JEJEGING KAUTAMAN

( Gesang kedah ngluhuraken Allah, tiyang sepuh, sederekipun sumrambah ing sesami. Tuwin tansah ngupadi jejeging kautaman)

Ubarampe Upacara:

Anggi-anggi punika wujudipun: arta, wujud wiji kados upami uwos / beras, dhele, tholo, kacang ijo lan jagung, sarta kunir ( kaparut), dlingo bengle kairis-iris, lan sekar setaman. ingkang dipun lebetaken kanthong utawi srana sanesipun

Dene anggi-anggi kapilah dados kalih:
ingkang dipun wadhahi kanthong, mligi kagem para putra lan putra mantu, sarta putra ragil ingkang krama wekdal semanten
ingkang dipun wadhahi bokor/cupu , mligi kagem para wayah, sarta ingkang mbetahaken

Tata upacaranipun Tumplak Punjen

Upcara punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging saderengipun sungkeman manten.

Dene urutanipun inggih punika:
para putra lan putra mantu, sami sowan jengkeng lan sungkem rama ibunipun
yen sampun dipun sungkemi tiyang sepuh lajeng maringi kanthong anggi-anggi wau,
salajengipun tiyang sepuh maringaken dhateng putra ing nembe krama. Ugi lumantar wakil ( putranipun ingkang dipun sepuhaken) maringi sedherek-sedherekipun ingkang sampun dipun sametakaken
kantun piyambah, maringaken anggi-anggi kagem para wayah, kanthi cara anggi-anggi ingkang wonten cupu dipun sebaraken, para wayah sami ngrayah. Kanthun piyambah cupu wau lajeng dipun tumplak (dipun kurepaken) kanthi ngendika “WIS RAMPUNG” Dene anggenipun numplak ing jogan sangajenging putra manten lenggah (siniwaka) , Inggih kanthi makaten numplak cupu/bokor dados werdining upacara tumplak punjen
salajengipun nembe methuk besan. Lajeng putra penganten sami sungkem rama ibunipun.

makaten ingkang saged kula aturaken, kirang langkungipun kula sumanggakaken para sutresna budayan. Nuwun

2 komentar:

  1. Matur nuwun paringanipun ngelmu-enggal tumrap kula sak kanca perantau asli jawa tengah wonten ing kalimantan. badhe nyuwun pirsa bab nyampingan kagem kakung punapa sami kaliyan putri? punapa arahipun ngubetaken nyamping sami mangiwa? maturnuwun

    BalasHapus